Monday, May 21, 2018

Legenda Tambaksari, Kejawang, Sruweng








Asal-usul Dukuh Tambaksari, Kejawang, Sruweng, Kebumen
Karya  : Inas Ghojanah 

Mbiyen ana kerajaan Mataram Islam dipimpin nang Mas Jolang (1601-1613) sing gelare Sultan Anyakrawati. Sawise dipimpin nang Mas Jolang diterusaken nang Mas Rangsang sing gelare Sultan Agung (1613-1645 M). Ceritane mbiyen kerajaan kiye wis tau jaya ngasik Jawa Barat karo Jawa Timur mlebu ring wilayah kekuasaane. Jawa Tengah didadikna wilayah nggo nyebaraken agama Islam.

Sultan Agung prentah meng aring punggawa kerajaan : Bondan Kejawan, Yai Sekar Arum, Syeh Albashari, karo punggawa liyane dadi ana pitu punggawa sing nyebaraken agama Islam nang daerah Kebumian sing siki luwih dikenal karo sebutan Kebumen. Agi mengembara, Sultan Agung kue singgah nang bukit sing lumayan duwur nggone karo nggon liyane. Seteruse bukit kue didadikan nggon ngaso aring Sultan Agung karo kanca-kanca punggawa liyane. 

Sultan Agung nek lagi nyiaraken agama Islam mesti wanti-wanti karo nei wasiat ngajak kabeh warga mlaku nang dalan sing bener. Men uripe tentrem, kabeh kudu bisa bendung hawa nafsu Insya-Allah bakal ulih ridho sekang Gusti Allah Swt. Seurunge lunga kan nggon mau, Sultan Agung ngumpulaken kabeh warga karo ngenei jeneng nggon kue sing dijenengi Tambaksari. Tambaksari due arti karo tujuan men manungsa isa ngendalikena hawa nafsu. Sawise dirasa cukup, Sultan Agung bali meng Kota Gede terus dipindah meng aring Plered. 

Pitu punggawa karo kerabat liyane kan Kerajaan Mataram dadi melu nyiaraken Agama Islam. Masyarakat sing rata-rata penganut ilmu kepercayaan dadi gampang ngerti apa sing disiaraken Bondan Kejawan karo kanca-kancane. Bondan njelasaken prinsip-prinsip pemahaman Islam sing dipadukena karo tradisi budaya warga Dukuh Tambaksari, Kejawang, Sruweng. Raden Bondan Kejawan karo Syeh Albashari dadi amir nang misi kue. 

Padahal waktu kue masyarakat desa akeh sing memeluk Agama Hindu, Budha, karo tesih kuat ilmu kejawene. Raden Mas Bondan tetep sabar, ora putus asa nyiaraken Agama Islam. Sue-sue warga masyarakat desa kana sadar terus pindah dadi memeluk Agama Islam. 

Dikawiti kit kalimat “Tambaksari” Raden Bondan Kejawan njelasaken artine nek Tambak kue artine bendung / nahan. Nek Sari kue jane rasa. Nek digabungaken artine dadi manungsa kudu bisa ngendallikna hawa nafsu men uripe tentrem dunia karo nang akhirat. Tugas nang dunia dadi khalifah golet ridho Gusti Allah men ulih pahala. 

Awal-awale Sultan Agung karo punggawane teka kit arah kulon bukit Tambaksari. Seurunge nanjak bukit, Beliau ngaso sedela terus wudhu nang perek kali men awake bersih. Kali kue dijenengi kali Krapyak. Masyarake jenengi kali kue Krapyak duweni arti. Artine kue masyarakate kerja bakti, ra kudu diprentah terus masyarake ora ngarepna upah/imbalan.
 
Nyiarna Agama Islame apik, Raden Bondan Kejawan dadi termashur/disegani wong akeh. Usahane berhasil gawe masyarakate sadar dadi pindah agama sing bener. Siki desa kue dijenengine Desa Kejawang sebabe logate masyarakat kana ilade angel kon ngomong kejawan.

Raden Bondan Kejawan kie nei saran utawi sugesti nganggo metode dialog karo nyisipaken paham-paham Islam dicampur tradisi, budaya, adat desa sing disinggahine. Gara-gara usahane kue, akeh wong sing isa nerima karo cocok nang aring ati karo pikiran masyakate. 

Aring Desa Kejawang luwih tepate ng Dukuh Tambaksari, Raden Bondan Kejawan seda. Petilasane ng bukit Tambaksari ngasik siki bukit kue dianggap keramat nang masyakat sekitare. Akeh wong-wong gawene pada teka ziarah meng petilasane dongakna beliau. Moga-moga bae kan Dinas Pariwisata Kebumen, dadikena tempat kie cagar budaya.



No comments:

Post a Comment