Zaman Iki
Wis Banget Tuo
Dening :
Turiyo Ragil Putra
Ngger, anakku
Zaman iki wis banget tuo
Kebudayaan wis rontang – ranting
Subasito mung kari crito
Ojo maneh sinom, dhandhanggula,
utawa gambuh
Salirik geguritan wae, wis ora
ono sing nggape
Kejaba kerlap-kerlipe lintang ing
langat kono
Sing setyo ngrenggoni sepine
wengi
Binareng anggambare cempaka sari
Wis ora ono tembang kinanthi
Sing mbiyen tansah methuk eseme
rembulan
Nalika bocah-bocah dolanan
jamuran
Wis ora ono, ngger
Kejaba swara tangis
Saka pang-pang lan godhong melati
Sing dumadhakan ceblok tanpa daya
ngrungkebi bumi
Zaman iki wis banget tuo, anakku
Ojo mimpi kembang guritan ngrenggoni taman
Bocah angon galik-galik kehidupan
Ojo Lali
Dening :
Eko Wahyudi
Anak-anakku
Dino iki dino kang dianti-anti
Kanggo mujudake racikaning ukara dadi sesanti
Digurit, diukir ing watu prasasti
Anak-anakku
Opo kowe wis lali?
Umurmu ing pawiyatan iki
Telung taun wae isih kurang telung sasi
Biyen nalika sepisan mlebu sekolah
Mindhak-mindhik, isin-isin, lan wedi-wedi
Setaun bacute wis wani gemagah, kepara, kemayu, lan kemaki
Anak-anakku
Kowe yo ra ngerti
Menawa wong tuomu datan melu
Direwangi adus kringet kanggo mbasuh greget
Nungsang jempalik kanggo melik gegayuhan mukti
Rino wengi tanpa kendhat sesambat marang gusti
Anak-anakku
Opo kowe isih kumawani
Opo oleh-olehmu kanggo sangu bali ngadhep wong tuo
Supoyo isih pantes sungkem lan ngaras pada
Anak-anakku
Ojo lali
Bapak Ibu Dwija pindha ngenteni laire jabang bayi
Arep pindha tetuko apadene wisanggeni
Krana kelas sanga umure kari sangang wulan sepuluh dina
Wis sue sliramu kabeh jinamas ing kawah candradimuka
Dipeper, digembleng, lan digladhi
Sawernaning kawruh ngitung, nyimak, nulis, lan moco
Mulo jingglengna oncatmu soko kelas pitu, wolu, lan songo
Anak-anakku
Daksangoni pangeling-eling
Supoyo ing tembe kowe kabeh ojo pangling
Jembare donya kang sagodhong kelor, ojo ndadekake drajatmu
dadi asor
Jambare bumi kang gari senyari ojo gelem dadi wong mburi
Jangkahmu ngupadi gegayuhan mung kari sekilan mulo ojo
ketinggalan
Jajahen desa wilangen kori, kowe bakal ngerti wewadi ing tembe
mburi


